FILOSOFI WAYANG

19 09 2006

Omong-omong rerembugan masalah crita Wayang sakjane ngono nyenengno lan akeh sing isok diconto sisi positipe. Wayang iku sakjane ngono iya digawe mergo dienggo gegambarane utawa wewayangane panguripane menungsa sing kira-kira tegese: wayang  ora mung digawe crita utawa dongeng thok; tapi wis dadi wewayangan panguripan menungsa saben dinane.

Wayang iki diciptakno saka rasa lan karsane menungsa Indonesia mergo ananing proses daya spiritual rikala biyen-biyene. Nek dipikir sing rada jero lan ditamatno sing temen, nganggo rasa lan karsane menungsa, mengko bakal ketemu yen wayang iku saktemene dudu kesenian sing dienggo kepuasan biologis, tapi wis dadi sijining seni sing tujuane dienggo golek kepuasan batin.

Nonton pagelaran wayang temen-temen ngono, isok dirasakno lan isok dienggo proses ”intropeksi diri”. Ndelok lan mangerteni simbol-simbol sakjroning pagelaran wayang isok dienggo ngresiki ”intelektual” lan ”moral” sing uwis keblangsak lan ora bener;  sing uga isok dienggo golek tenange batin lan cerahing rohani.

Logika dhuk jero crita wayang sing dienggo logikane dongeng, tapi didasari nganggo nilai-nilai kasunyatan saben dinane. Wayang iku saktemene ngono wis dadi wewayangane panguripan menungsa sing kongkrit. Mulane nek didadekno filosofi urip, filsafat wayang iku didasari akar-akar soko kasunyatane panguripan masyarakat Indonesia.

Iku sing dadi mula bukane akeh ”tema” ndhuk crita-crita pagelaran wayang dijupuk soko kasunyatan panguripan menungsa banjur diangkat dadi lakon-lakon wayang sing digelar. Conto tema-tema crita wayang yaiku ngenani masalah politik, ekonomi, pendidikan, agama, pengetahuan lan sakpiturute. (wis terusno dewe)

Nuwun. +dhitos+, Ujung Aspal.

About these ads

Actions

Information




Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

%d bloggers like this: