SEJARAH WAYANG

18 09 2006

Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.

Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang.

Kira-kira awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau, bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran” menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline Indonesia.

Ing sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing sakteruse banjur mempengaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkono kuwi sing sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing masyarakat Indonesia.

Mulane ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian  wayang purwo kuwi cinipta karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri.  Kira-kira abad 10 Prabu Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkono mau akeh sing ditiru soko gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar. Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan titisane Betara Wishnu.

Ing jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri Suryawisesa.  Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.

Rikala jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi, yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane keraton. Lan wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu ndeleng keindahane pagelaran kesenian wayang beber.

Sakbanjure nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya mangkono kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup ”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar, sakteruse  nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi  arupa simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.

Sumangga dipun tambahi lan nuwun sewu menawi wonten luput klerunipun.Nuwun 

+dhitos+

Dicuplik lan dirangkum saking sumber tulisanipun  RA Sutini BA


Actions

Information

17 responses

10 10 2006
de_nHa cUt3^_^

eeeeeeeeeemmmmuuuuuuuuuaaaaaaaaccccccccccchhhhhhhhhhhh

10 10 2006
de_nHa cUt3^_^

hallow semua
hallo
hallo
hallo
ngantuk nee!!
eh tanya leh g wayang tu sebenere gmn see ap bener tubuh bahkan wajah mereka seperti dalam gambar2 itu???
hiii ngeri dung ko bisa see???
katanya dari india ko bisa sapek sini capek dung!!truz wayang tu kluaran taun brapa see
ko d indonesia g ada orang yang muka2 nya mirip wayang
eh amit2 dech!!!!!!

10 10 2006
dhitos

kamu dr mana dan ada dimana seh?

9 11 2006
niecha mhoot

haiiiiiiiiiiiii boleh kenalan ga seh???

30 11 2006
bebby

tau ceritanya kamajaya sama kamaratih ga ??

25 12 2006
sam

wayang itu sebenernya, dari Indonesia sendiri ada.ada yang membedakan antara istilah2 antara wayang indonesia dengan wayang India.konon katanya sebelum islam masuk, bentuk wayang itu hampir sama dengan manusia, dan setelah islam masuk maka oleh wali songo bentuknya dirubah, bukan lagi sama dengan manusia tapi mirip dengan manusia, kalo miripkan gak sama persis yakan??. trus pertanyaannya kenapa wali songo merubahnya? kerena dalam ajaran islam itu melarang manusia untuk menciptakan karya yang sama seperti manusia. dalam kepercayaannya karya2 yang sama dengan manusia itu suatu saat akan minta nyawa seperti itu.

28 02 2007
Sangut loves Delem

Wayang “Cenk-Blonk” from Bali is the best!!!!

8 03 2007
cie

e..mau dong info ttg wayang..atau apapun yang brbau kebudayaan jawa..

17 04 2007
Rachel

Wayang sih bagus tapi ak gak tau dhalang ngomong apa soalnya ak gak isa bahasa jawa.Aku mau tanya ada gak wayang bahasa Indonesia??????????truz ak mau tanya jenis2 wayang apa aja sich????????

14 06 2007
dwiari

aku tuh hobi banget nonton overnight way young cool it … pengin punya buku yang berisi gambar2 tokoh pewayangan dalam seri berwarna dengan resolusi gedhe .. kalo gambar2 yang kecil udah ada sich… kurang mantap karena sunggingan detailnya kabur …. dalang ato penyungging mustinya punya masternya ya…nah aku bisa dapetin bukunya di mana ya … sekalian kalo ada yang tahu judulnya … thx

20 08 2007
shakila

yang bener tuch??????????
masukin crita2 spesifiknya dunk???
ramayana…mahabarata,,,,dll lah….

19 03 2008
rosydesigner

saya perlu bahasa Indonesianya. boleh khan? Saya tidak mengerti. Tolong ditranslate ke bahasa Indonesia ya…
Tx U

6 05 2008
manyol

ngagem boso indonesia mawon geh mas..supados gampang dipun kulo badhe tanglet..
mas,katanya wayang itu disebut seni klasik..yaitu kesenian yang sudah berada pada puncaknya…tapi kok ada wayang suket nya ki slamet…berari masih ada perluasan ato pengembangan terhadap seni wayang itu sendiri mas..??
trus mas saya sebagai orang jawa…peeengen banget belajar filosofi dari wayang,entah itu cerita,karakter,maupun bentuk..tapi saya kurang mengerti dengan bahas dari wayang tersebut mas…kalo boleh berbagi tips..saya harus belajar bahasa itu dari mana ya mas???
sak derenge matur agenge panyuwun!!!

13 07 2008
bank toyib

mas,setahuku wayang jaman walisongo itu gak semua pake media wayang.cuma kanjeng sunan kalijogo yg pake media wayang buat media penyebaran islam,klo ada aq minta cerita punokawan?

13 12 2008
Priyo

Ass. ku lg budreg tentang wayang tolong dung kucarikan semua buku babone wayang yang asli jawa aliase Ringgit Purwa. buat tugas akhir nich.

19 01 2009
moko

wah wayang tu bgs bgt.
tp aq mo tanya.
kan wayang tu dari indonesia katanya, kenapa kok critanya palah dari india.
palah jadi rancu
bisa g’ kalau dirubah critanya dr indonesia.
damar wulan atau apalah.
kan lebih seru, itu palah asli nguri-uri budaya kita.

15 05 2009
wong jawa

ehhhhmmmmmmm…

dadi kaya mangkono sejarahe wayang iku…..

sing seneng karo budaya jawa hub q nek denysetya46@yahoo.com

Leave a comment